Sabtu, 05 November 2016

Mukidi Tuku HP (Cerita Pendek Jawa Lucu)

Mukidi Tuku Hp

Ceritane kaya kie, mukidi lagi golet-golet hp dina minggu karo si casmun ning pasar. yuh dileng kaya apa :
Casmun : di, kie sidane tuk u hp apa tuku sendal ?? adoh nemen kaya kie muter-muter nganti sendale betet! 
Mukidi : dih...diih...dihh, ya tuku hp casmun, kalem bae tak bayari sisan sendale koen, wonge ya sisan tak bayari meneh heheh.
Casmun : gundulee...... ya wis yuh golet cepet! nang ndian kie tokone sing mau ora ketemu-ketemu.
Mukidi : iya, sabar...sabar . Jare bang roni ning kene kyeh.. ning arep toko klambi ana toko hp sing murah lan apik.
Casmun : ya wis , yuuh takon bae kae karo mba-mba sing dagang klambi kae.
Mukidi : ya ayuhh gianlah.
Mukidi : ......mba....mba, sing jare ana wong dagang hp ning arep toko klambine sampeyan ning ndi mba?
Mba2 : toko hp mas?? hp apa mas, perasaan sajage aku ning kene laka sing dagang hp mas?
Casmun : dihhh,,, ana koh mba hp sing murah sing regane 15rb koh mba malah apik . jare bang roni terkenal ya mba, malah dagang ning arepe tokone sampeyan. "toko klambi apik"
Mba2 : lah sing bener? aku be ora tau ngerti koh. Lah kwe roni sapa?
Mukidi : bang roni loh tukang cendol kae sih, sing wis terkenal ning internasional.
Mba2 : oohh....., sing dagang cendol ya ya paham. ngko disit-disit aku nembe kelingan wingi kwe ana......
Mukidi : ana apa mba....??
Mba2 : hiih kye wong, aku durung ngomong malah di potong!. kae loh wingi kwe ana.....wong dagang hp ning arepe aku lemprakan ning arep tokone aku,.. iya aku nembe kelingan bener ya bener. malah akeh sing tuku. wingi bocah teka 20 ana ndean pada tuku. laris kweh.
Casmun dan Mukidi : nah,, kwe sing diluruh mba..
Mukidi : hebat kwe wong , akeh sing tuku nganti sing ke enomen bocah tk-tk pada tuku, apa belih edan kwe ?
Casmun : wislah gen, gian ora sah kesuen parani baen? tapi ning ndi yah?
Mukidi : Oiya yah. ning ndian sih mba?
Mba2 : ya paling delat maning, mas? emang pan tuku nggo sapa mas?
Mukidi : ya nggo akulah, men keren ngonong . saiki kan jamane teknologi ya kudu dwe hp. rika sih duwe mba?
Mba2 : ya duwe lah. ngece sampean. tapi, sampeyan bener pan tuku hp ning kono?
Mukidi : ora salah maning mba. bener
Casmun : lah kae wonge wis buka...kaesih.
Mukidi : oh iya, wis ya mba.. tak mana ndisit. ngko aku njaluk nomore ya?
Mba2 : (hahahahhaah) ,,...geblek apa luruh hp mainan  .. (iya wis tak mein nomore hahah).

sawise kwe, mukidi karo casmun marani wong sing dagang hp. terus mulai takon-takon . yuh dileng kaya apa ;

Mukidi : mang,...mang.. Ana hp?
Mang sing dagang : ana? pan sing kaya apa?
Mukidi : sing model kaya smatphone lah,, .
Mang sing dagang : oh iya, kyeh sing kaya kie apik.
Casmun : lah sing kie kayane apik di.
Mukidi : ya mun, coba njajal.
Mang sing dagang : eeehh heeeh, pan golet apa daning di pencet pencet layare kya kue.?
Mukidi : ora koh aku radan bingun? daning layare meneng baen ora ganti-ganti? bisa nelpon ora mang? apa kie ora moni ? rusak ndean kie mang?
Mang sing dagang : kyeh,,, mene kie kudu didalahi batu disit. ....kyeh wis.  coba jajal dipencet tombole?
Mukidi : ya coba. teeeett....teet.. (aiyaiya aiyaiya aiyaiya aiyaiya)
Mukidi : hidihh apa kie monine kaya dolanan...
Mang sing dagang : ya kwe hp cocog go anake rika atau ponakane rika. murah 5000 bae. wis gian bayar?
Casmun : di,,,di.... balik bae yuh . dwek kayane di tipu wong sing dagan cendol kae kyeh.
Mukidi : ya yuh. asem kye.
Mukidi : maaf mang, aku luruh hp temenan dudu dolanan.
Mang sing dagang : laaah sing mau nembe nyadar, apa koen ora delengna disit apa?
Mukidi : yuh balik yuh.. (dasar tukan cendol edan) gawe endas mumet.
Casmun : untung , duwit 15 ewu ne ora sida go tuku hp ya. malah larang maning 5000. kari dwek tuku hp kwe rugi. wis olihe hp mainan duite gari 10rb.
Mukidi : hahah., iya bener juga koen. 15rb olih nemu yah. eman-eman nemen. yuh go tuku sega baen.
Casmun : lah hpne ora sida tuku? sendale aku pimen? jare pan ditukukna?
Mukidi : wis gampang, hp ta bisa go tempolong bekas kaleng susu. sendale koen ngko tak lim baaen wis ben gampang, sing penting deewek mangan disit. ben ora mumet?
Casmun : ya wislah, aku ta melu bae.
Casmun : ayolah gian cepet. keburu ngelih kyeh.
Mukidi : ya ayo cepettt...kalah-kalahe tuku sega kyeh . rpp, disyukuri bae ya Allah. 


Hahah mukidi-mukidi duwe duit 15 rb be pan tuku hp, duwite olih nemu maning hahah. latane mukidi karo casmun balik lan mangan ning warung.

Terimakasih wis deleng ceritane . aja kelalen share ya, aja kelalen komen.
thanks